Jaman wis akhir kang karen-karen
Amal sembayang aja liren-liren
Jaman wis akhir bumine goyang
Dalam umate arang sembayang
Bumie goyang arane lindu
Wong ora sembayang bakal dibendu
Dadi wong urip bakale mati
Bakal dibuntel lawon kang suci
Ayo dulurku pada ngadusi
Yen sira melas aja nangisi
Senejan nangis kejungkel-jungkel
Yen kulo niki ora bisa balik
Senejan balik ora bisa tobat
Sebab dosaku mengkin merambat
Dadi wong wadon sing ngati-ngati
Aja nuruti senenge ati
Dadi wong wadon aja buka aurat
Elingana waktu sekarat
Sing bakal merene malaikat papat
Dadi belenggu pating mencurat
Dadi wong sugih ora gelem zakat
Bakal den tagih dunia akhirat
Dadi wong mati keburu mangsa
Den selehaken amben sentosa
Ya Allah-Allah kula nyuwun pangapunten
Sebab dosaku Allahu rabbi
Kilk Videonya Guys:
0 Comments